By MasPatikrajaDewaku
Kang, mpun madan suwe nggih mboten sowan penjenengan sedaya.
Ning seniki kula sowan malih, kalih mbekta lakon ringgitan teksih saking Ki Sugino, sing critane khas Banyumasan banget. Srenggini Takon Bapa, Part One!
Kenging napa kula sebat Part One, sebab sejatine niki onten Part Two-ne, tapi sepuluh kinapakna , sing Part Two, kula dereng angsal. Trima kriyin nggih! Wong ontene nggih sing bagiyan sepisanan niki. Tapine menawi onten sing ajeng setor sing lanjutane, kula nggih mboten nolak koh.
Critane kepripun si, ngantos kalih ndalu angger digelar? Niku si saged sagede sing ngripta mawon. Tapi tela enggih koh, lakone dawa . . . . !
Sareng kalih gerahe Werkudara, putrane, Srenggini, pamit kalih Ibu lan Eyange kepengin kepanggih kalih ramane onten Jodipati. Teng ngriki sanggite Ki Suginio nggene nglampahaken pamite Raden Srenggini kalih ibune meh persis kalih nalika pamite Raden Suryakaca teng lakon Aji Candrawirayang. Tapi senajan memper, penggemar Ki Gino mesti mboten nate bosen.
Mboten gampil nggene kepanggih, Raden Srenggini kalih ramane, Raden Werkudara. Dereng ngantos ketemu kesatrian Jodipati, Srenggini mpun ketemu kalih barisan Kurawa sing depimpin kalih Pendita Drona. Cilakane ketemune kalih Aswatama.
Aswatama nyacat Srenggini sing jere Srenggini niku menusa tugelan. Sebabe Srenggini duwe sungut, totok, capit kalih insang. Lah Srenggini sing nyawang Aswatama sing mboten ngilo, sebab sikile Aswatama dudu sebaene sikil, wujude tracak jaran. Ganti Aswatama sing diarani menungsa tugelan, kalih Srenggini.
Aswatama ya jengkel ganti dicacat! Ora trima, dadi pancakara. Kurawa klebu srayane, Prabu Gardapati karo Wersaya, klakon dikalahena karo Srenggini sing pancen sekti mandraguna. Jere dalange sih; tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.
Pedita Drona klepekan, ngetrapena karti sampeka, Srenggini diapus krama senajan a’a u’u anggone nglomboni, tapi sekang dayane ajian dhuyung kasihan, wusanane Srenggini njur kepikut. Dadi lulut!
Kocapa, neng kesatrian Jodipati, Raden Werkudara nglembarah, ajeng diarah patine kalih rong pehak. Setunggil sekang Ngastina, setunggil malih sekang Patih Negara Sabrang sing aran Patih Bintulu. Jajal sinten sing kasil!?
Jan ngantos esuk pagelarane tancep kayon, tapine lakon dereng rampung. Sebab Srenggini dureng diaku putra kalih Raden Werkudara sing empun mari anggene nandang raga. Kocapa eyange Srenggini mboten trima, putune mboten diaku putra. Nyepatani wong Pendawa kalih wong Ngastina sami nandang papa cintraka, sing decritakaken teng babak berikut. Ditunggu tanggal mainnya! (nek empun onten sing setor)
Penyuwune panjenengan pada, kula sembadani. Folder niki kula unggah teng Jumbofile sing jere lewih nyaman. Kula cobi ngangge file kaset side A-B dados setunggil. dados lewih gede per file. Angel? Kesuwen kang . . . . . ! Nggih mangke dicilikena malih sing teng lakon berikutnya!
Terus niki rekamane Stereo apa ora kang? Stereo! Yakin. Senajana onten sebageyan sing madan miring, tapi angger onten malih kaset sing ajeng dikonvert, kula empun gadeh aji aji sing lewih ampuh dengge ngrampungi gawe.
Mangga diunduh, tekade ora kudu ijolan ikih. Tapi angger ajeng ngijoli nggih kula mboten nolak koh, he he he he . . . .
Teng mriki link sing njenengan saged ngunduh:

0 Komentar