Brajadenta mBalela-Ki Sugino Siswocarito

Dening MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)
Makarya sesarengan kaliyan Radio Mutiara AM Bandung)
 
Pasugatan ingkang kepareng kula unggah menika ringgit Banyumasan ingkang katindakaken dening Ki Sugino Siswocarto. Lampahan menika taksih koleksi kaset saking Radio Mutiara AM Bandung. Maturnuwun sepindhah malih kula aturaken dhumateng para pangarsa Radio Mutiara AM Bandung ingkang sampun kesdu paring palilah ngampilaken kaset menika lumantar sumitra kula saking Bandung, Pak Roni Subari . Senajan menika kaset sampun umur watawis 30 tahun kepengker lan track swantenipun taksih mono, nanging mawola-wali kula sebataken, file menika taksih kenging kawastanan taksih sae tumrap upaya nguri-uri kabudayan ringgit purwa mliginpun gagrag Banyumasan. Sakalangkung mligi, ringgit purwa ingkang katindakaken dening dhalang ingkang dados panutan, tumraping panggungan gagrag Banyumasan, Ki Sugino Siswocarito.
Saksampunipun asil convert digital sawatawis kula simpen lan nengga wekdal kaunggah ing wayangprabu.com, ndilalah ingkang siap tayang kanthi laju bit 128Kbps kados biyasanipun, mboten saged kaunggah amargi perangkat komputer wonten nggriya crash.
Untungipun, menika khas tiyang Jawi, senajanta crash nanging taksih untung, file ingkang kula simpen alit-alit laju bit-ipun taksih kula simpen wonten ing external hard disc. Mila inggih mboten wonten pilihan, file ingkang wujudipun file mini menika ingkang kula aturaken kaliyan para pandhemen ringgit, mliginipun ringgit purwa gagrak mBanyumasan saking Ki Sugino.
Senajanta mekaten wonten watawis lampahan inggih menika Anoman Obong-Ki Sugino, Semar mBangun Kahyangan-Ki Sugino, Antasena Takon Rama-Ki Sugino, Pergiwa Ratu-Ki Anom Suroto lan sawatawis lampahan wayang kulit lan wayang golek malih kedah dipun ambali proses konvert-ipun menawi files mboten saged kapulihaken mangke.
Dene cariyos Brajadenta mBalelo menika keleresan kados sampun wonten ingkang request nalika semanten, saking salah satunggaling tamu ingkang paring comment wonten ing unggahan ingkang sampun. Mugi mugi, lampahan menika saged damel marem tumraping ingkang sampun nyuwun lampahan menika mliginipun, lan para sutresna wayang Ki Sugino umumipun.
Lampahan Brajadenta mBalela menika kawiwitan jejeran ing negari Pringgandani, ngrembag bab
sampun tigang pisowanan dene Brajadenta mboten marak seba. Mila Prabu Anom Gathutkaca nyuwun pamanggih kaliyan Raden Brajamusti.
Mboten nami Raden Brajamusti tumbak cucukan, dene Raden Brajamusti matur walaka, namung aturipun menika amargi anjagi karahayuning praja. Amargi kadang Braja menika dados saka guruning kekiyatan Pringgandani.
Aturipun Raden Brajamusti dhumateng ingkang pulunan, Raden Gathutkaca, bilih Dewi Pandhansari, garwanipun Raden Brajadenta, menika ingkang yektosipun dados tuk sumbering tumindakipun Raden Brajadenta ingkang tindak ngraman, mbalela, mbondhan tanpa ratu, mirong kampuh jingga.
Dewi Pandhansari mboten rena menawi namung dados garwanipun Adipati ing Glagah Tinunu.
Senajana makaten, Raden Gathutkaca ingkang mangertos larah larahipun dene Brajadenta nindakaken kraman, malah yektos badhe paring kalenggahan Praja Pringgandani dhumateng ingkang paman, Brajadenta, kanthi  lila legawa.
Nanging Raden Brajamusti mboten sarujuk, lajeng mijangaken larah-larahing kadang Braja
mboten kenging nglungsuri kalenggahanipun ingkang rama Prabu Trembuku. Saterasipun Praja Pringgandani kedah kebawah keprentah dening turuning wiji luhur. Prastawa menika kawijangake dening Raden Brajamusti, wontening lampahan ingkang kasebat Arjuna Liyep. Selajengipun ugi ngengeti bilih Negari Pringgandani sampun kedunungan boyongan wujuding manungsa saking manca ingkang dedunung ing salebeting praja, temah Praja Pringgendani dados negari ingkang reja.
Raden Brajamusti lajeng dipun paringi purbawasesa kapurih ngarih-arih ingkang raka Raden Brajadenta, supados lerem anggenipun madeg ngraman. Dene  iguh pertikel kados pundi anggenipun paring wewarah kasumanggaaken, ingkang wigati ing mangke sampun ngantos andadosaken daredah lan pasulayan.
Saksampunipun Raden Brajamusti bidhal dhateng ing Kasatriyan Glagah Tinunu, Raden Gathutkaca kadunungan raos ingkang tidha-tidha. Amargi mangertosi bilih watak wantunipun para kadang Braja menika gampil mulad menawi kecenthok ing tembung sora. Lajeng Raden Gathutkaca jengkar anjampangi lampahipun Raden Brajamusti lan Brajawikalpa.
Kocap kacarita nalika semanten Raden Brajadenta saweg kaadhep dening punakawan Togog lan Sarahita. Raden Brajadenta nyuwun aturipun Ki Tejamantri larah larahipun dene ingkang rama, Prabu Trembuku maringaken negari Pringgandani dhumateng ingkang wayah Raden Gathutkaca. Lajeng konsultan para sabrang menika negesaken tembung warisan lan warasan. Puntoning rembug, Togog malah dipun jempalani kaliyan Raden Brajadenta amargi mboten narimah kaliyan aturipun Togog lan mboten ndadosaken rena ing penggalihipun Raden Brajadenta.
Leres pandhuganipun Raden Gathutkaca, Raden Brajadenta lan kadangipun anem sami bandayuda pungkasanipun, saksampunipun rembag sarana aris mboten saged angrampungi damel. Pancakara rame andadosaken kadang Braja sami nglumabarah. Raden Gathutkaca ingkang lajeng nyepeng pedhang Sukayana kagunganpun Raden Brajadenta lan badhe kawangsulaken dateng ingkang paman, kawastanan bilih plunanipun badhe nyirnakaken Raden Brajadenta. Rumaos ajrih, Raden Brajadenta lumajar keplayu anggendring kininten menawi badhe kapejahan.
Plajaripun Raden Brajadenta lajeng kacemplung ing Sumur-upas wonten ing tlatah Pasetran Gandamayit. Dene Raden Gathutkaca ingkang nginten menawi ingkang paman sirna, lajeng getun kepara malah nandang raga rikala sampun kondur dhateng Praja Pringgendani.
Lampahan malembar dumugi Negari Ngastina, amargi ing mriku Dewi Banowati kacidra asmara dening Raden Gathutkaca tiron lajeng Sang Prabu Duryudana utusan Pendita Durna kinen paring lapuran kaliyan para kadang Pandhawa kapurih ngrangket Raden Gathutkaca ingkang tindak culika.
Sanalika kebranang raosipun Raden Werkudara lan Raden Arjuna mireng palapuranipun Pandhita Durna. Kalih-kalihipun satriya Pandawa tanpa pamit nilar pasewakan kanthi pamrih ingkang benten.
Kados pundi ramenipun Ki Sugino anggenipun nggancaraken lampahan Brajadenta mBalela? Para rawuh ing wayangprabu.com kula aturi ngundhuh file ingkang senajanta alit alit, nanging tumrap kula, menika dereng ndadosaken degradasi saking aslinipun ingkang wujud kaset.
 
Previous
Next Post »
0 Komentar