Kados dene ingkang kagiyaraken wonten ing Radio Kayumanis 99.5FM Jakarta.
Dening MasPatikrajaDewaku – PPW 11-01-0006.
Ingkang
kula aturaken menika, pasugatan adegan gara-gara saking Ki Anom Suroto
ingkang kapanggungaken ing tlatah Marakash Square Bekasi tahun 2011.
Nalika semanten salah satunggaling Paguyuban Ageng Sutresna Kesenian
Jawi ing wilayah Bekasi nggelar Ki Anom Suroto wonten ing acara ambal
warsa Perusahaan ingkang pangarsanipun kalebet ing jajaran pangarsa
paguyuban.
Para
rawuh ing “wayangprabu.com” saged mbadhingaken kados pundi bentenipun
pagelaran Ki Anom Suroto nalikanipun taksih asring rekaman kaset audio
ing tahun 80nan, manawi katandhing kaliyan kados pundi gaya panggung ing
tahun-tahun samenika. Nyata menawi Ki Anom keli ing jaman. Ujaripun,
nuting jaman kelakone, kados dene ingkang dipun ngendikaaken piyambak
nalika ngacarani (dados MC) Mas Seno anggenipun ngaturaken bawa Kangen.
Gebyar
lan moncering panggung lan mbalabaring para pamriksa nalika samanten
nyata, menawi swasana tumut nyurung Ki Dhalang nguja para rawuh, ing
babagan Mata Raga, istilah saking Mas Bram, ingkang kula anggep trep.
Lampahan
ingkang kagelar inggih menika Brajadenta mBalela ingkang kula anggep
lampahan panjang. Ing mriki panjangipun pagelaran saking talu dumugi
tancep kayon watawis 7,5 jam. Nanging ingkang sesambetan kaliyan alur
lampahan pakeliran namung watawis 4 jam! Lha ingkang 3,5 jam menika
adegan menapa? Mboten sanes adegan Limbukan lan Gara-gara!
Mila
menawi panjenengan sengsem kaliyan pagelaran garap klasik, utawi
panjenengan ingkang kangen kaliyan garap ndalang saking Ki Anom Suroto
ingkang nguja mata batin kados patrapipun Ki Anom nalika tahun-tahun
semanten, panjenengan mesthi ngraos kuciwa.
Wondene
para rawuh ingkang kepingin mangertosi kados pundi garap gara-gara
ingkang kagelar “nut ing jaman kelakone” menika, para rawuh kula aturi
migatosaken, kados pundi kiprahipun Ki Anom Suroto anggenipun
nglampahaken segment gara-gara menika..
Suluk pratandha pathet sanga ingkang kagarap ngelik mbuka segment
menika. Cakepan Pathet Sanga ingkang kagarap dening Ki Anom Suroto lan
kadang miwah putra keluwarga Anom Suroto menawi kagatosakan, wonten
bentenipun ing kalimat tis-tis sunya tengah wengi, lumrang gandaning puspita lsp, ingkang biasanipun kathah para dhalang ngucap titi sunya tengah wengi, lumrang gandaning puspita.
Miturut kula cakepan saking Ki Anom menika malah cakepan baku, ingkang
werdinipun anyesing hawa ing tengahing dalu ingkang kaworan ing
sumarebak gandaning sesekaran. Nanging menawi Titi sunya tengah wengi lsp, anggambaraken wanci tengahing dalu lan sapiturutipun. Suluk pathet sanga lajeng katerasaken lagon Petismanis.
Sasampunipun
janturan sawetawis ingkang anggambarake swasana tengahing ndalu, lajeng
kasambet sulukan pathet sanga wantah ingkang cakepanipun
Dhedhep tidhem prabawaning ratri,
sasadara wus manjer kawuryan,
tan kuciwa memanise,
menggep srinateng ndalu,
siniwaka sanggya pra dasih
aglar ing cakrawala
tinulad anglangut
parandene paksa kebegan,
saking kehing taranggana kang sumiwi,
warata tanpa sela.
Sampak
tanggung lajeng kaseseg lan kasambet srepeg Mataraman nyamleng karaos
katambahan ing ciblonan kendhang kesit ndudut ati. Saksuwukipun gendhing
lajeng Petruk ngudarasa kawontenan sosial politik ingkang tumama ing
nagri ingkang nami Indonesia. Ngudaraos kados dene icalipun toleransi, arogansi kelompok, pejabat lan tokoh masyarakat ingkang hipokrit,
lan rakyat ingkang gampil dipun provokasi lspt. Ledhok ilining banyu
ujaripun Ki Anom, menika namung wonten ing bab lirwanipun warga nagari
kaliyan welinginpun Bung Karno, mboten konsekwenipun anggenipun
nindakaken ajaran sila sila ing Pancasila. Lan malih secara agama kathah
ingkang nilaraken ajaran Panca Susila.
Rampung
ngudarasa, Petruk tetembangan mBok ya Mesem, Semar lan anak-anakipun
rerembagan bab Wali Sanga ingkang nyebar agami Islam lumantar gelar
wayang sak gamelanipun, kalebet cipta-karyanipun Sunan Kalijaga ingkang
wujud gendhing lan tokoh Panakawan.
Ing
mriki Ki Anom mijangaken karya Sunan Kalijaga ingkang awujud gendhing
Petalon Pitu sesambetanipun kaliyan proses jejodhohan mliginipun
perkawis karonsih. Ugi mijangaken othak athik mathuk nami Semar
saanakipun lan malih nama-nama tokoh Pandhawa dipun gathukaken kaliyan
kalimat saking bahasa Arab. Senajanta kapireng meksa, nanging inggih
masa borong.
Wosing
rembag, Agama Islam dateng ing tanah Jawi menika sanes nuju ing papan
ingkang suwung awang uwung. Ing tanah Jawi sampun wonten kapercayan
ingkang Ki Anom ngwastani animisme lan dinamisme. Ning menawi kula
langkung trep nyebut kapercayan ingkang laras kaliyan alam Jawi, mbok
bilih ingkang kasebat kearifan lokal.
Mila
saking menika, Sunan Kalijaga lajeng madeg dhalang, laras kaliyan
karemanipun warga Jawi nalika semanten. Kanthi pagelaran menika Kangjeng
sunan ngudhar piwulanging agami enggal lan ngrembakaaken agama Islam
ing tanah Jawi. Mila ing pungkasanipun rembag, Ki Anom Suroto rumaos
cuwa menawi wonten umat Islam ingkang nganggep wayang menika barang
ingkang haram. Penulis taksih kengetan nalika wonten pawartos ing
kompas.com, menawi ing tlatah Solo wonten pembubaran paksa pagelaran
wayang, lan penghancuran patung-patung tokoh wayang ing tlatah
Purwakarta, ingkang katindakaken dening oknum ingkang ngangge busana ala
wali. Miris!!
Saksampunipun
rerembagan Kyai Semar lajeng minggah ing papan pasucen, lajeng Ki
Dhalang lumantar anak-anakipun Kyai Semar, lajeng melahi nggelar lelagon
pilihan pendengar ngiras dados Master of Ceremony.
Pesindhen
cacah gangsal lajeng dipun aturi unjuk olah swara. Para pesindhen
inggih menika Nyi Kamiyatin, Nyi Darsini, Nyi Rusyati, Nyi Yanti lan Nyi
Tumpuk mbaka setunggal tampil.
mBak
Yanti, mbikak pilihan pendengar, kanthi ngasta bawa Sinom cengkok
grandhel. Satunggaling bawa ingkang sanget asring kita pirengaken wonten
ing pagelaran gara-gara ringgitan ing dinten dinten samenika.
Dominasi
Nyi Tumpuk kadosipun dipun sengaja ka-expose wonten adegan gara-gara
menika. Patrapipun Nyi Tumpuk ingkang “cowag” kaarah saged men-trigger swasana supados langkung gebyar. Dialog vulgar
antawisipun Nyi Tumpuk kaliyan Ki Dhalang kadhang nggladrah, nanging
untungipun menawi sampun radi kedlarung Ki Anom kadhang mboten
nanggapi. Kadosipun Ki Anom Suroto sadhar, menawi sampun senior lan
gelar haji ing ngajengipun nami saged nyandhet lekohipun mBak Tumpuk
ingkang matumpa-tumpa.
Bawa lan lelagon saking para pesindhen lan tamu kapungkasan lagon Adu Semu lan Sambel Kemangi.
Audio kompresi menika kula sengaja kaalitanken amargi noisipun lumayan inggil saking ewuhipun anggenipun ngatur gain receiver nalika
ngrekam. Senajana mekaten kualitas asil kompresi mbokmenawi namung
medhak mboten patos kathah. Menika malah kepara paring lapuran katuju
Radio Kayumanis - Tangsel, bilih ing Bekasi, Radio Kayumanis inggih
rata-rata namung kados mekaten kualitas receiving-ipun. Tebih
katandhing kalihan nalika taksih wonten ing Jl Kayumanis – Jakarta
Timur. Malah ing akhir tahun 2011 ngantos ing wekdal samenika, siaran
Radio Kayumanis sampun ka-interference dening radio lokal Bekasi ingkang manggen wonten frekuensi 95.3MHz.
Radio Kayumanis /sembelen puluh sembilan koma lima FM /. . . . . eh salah
. . . . Radio Kayumanis/ sangangdasa sanga koma gangsal FM/ ngaturaken
giyaran ringgit purwa/ kanthi lampahan Banjaran Limbuk lan Petruk . . .
. . . . .

0 Komentar