Petruk Idu Geni – KSSC – Sinopsis

(Makarya bareng kalih Radio Mutiara AM Bandung)
Dening: MasPatikrajaDewaku. (PPW 011-01-0006)
Para rawuh teng wayangprabu.com kabeh bae. Ora tek wiji-wiji endi sing kelebu seneng karo Gagrak Solo tapi seneng Mataraman, sing seneng gagrak Mataraman tapine uga seneng gagrak Soloan. Kelebune penjenengan sing ora ke-etung kelompok sing biasa, alias kelompok luar biasa, kaya penjengan sing seneng gagrak Banyumasan tapi seneng gagrak Solo karo Mataraman. Sapa sih kang?. Mangga niki onten malih lakon sekang Ki Sugino Siswocarito sing mesthi bae wayangan gagrak Banyumasan.
Lakon carangan sing marakena para sutresnane Ki Sugino mandan penasaran, kenangapa ana lakon sing judule kayong mendeni banget. Petruk Idu Geni!! Biasa kang, kiye sih jenenge model dodolan sing menjual ala sales. Dagangan jere kudu duwe selling point, yakuwe salah sijining factor sing arane differensiasi. Pembeda antarane produk siji lan sijine, bedane yakuwe,  judul sing mendeni. Angger neng dunia blog supaya para rawuh neng blog-e pada ketarik maca, penulis uga diwajibena kreatif gole ngetrapena judul. Angger judule aneh, bombastis lan liya liyane sing menarik, paling ora pengunjunge ngeklik. Perkara mengko arep nerusena maca apa ora, kiye ya perkara mengko.
Kuwe anu bab dodolan lan perkara judul artikel blog. Tapine anu kaset sing tek trima sekang panjenengane Pak Roni Subari kiye koleksi kaset kagungane Radio Mutiara AM Bandung, kejaba judule sing medeni. Suarane jan esih gandhang, jan esih maen. Senajana kiye terbitan wis lawas banget antarane tahun 1982. jan lawas temenan turan klasik gaya mayange. Kayane malah angger nonoman sing sekiye pada rawuh maring wayangprabu lan dadi fans Ki Sugino, mesthine akeh sing durung lair
Crita Petruk Idu Geni kayane ana sing wis tau request. Malah ana maning sing coment angger penjenengane wis duwe wujud digital sing durung tau diunggah. Nuwun sewu nggih mase sing kagungan digital conversion, kula unggah mawon sing teng tangan kula mergane kula enggih mpun sumedya mung kari ngunggah tapi internete mandan lelet, dadi sing tek unggah sinopsise      disit.. Sing wis suwe ngenteni, ora suwe maning angger wis munggah net kabeh, link-e arep tek tidhokena
Lakone dhewek, Petruk Idu Geni kiye pancen lakon carangan ala Gino. Ndeyan neng tlatah liya ora nana lakon sing alur crita apa maning judhule pada karo lakon kiye. Lakone nyritakena pokale Prabu Duryudana sing diombyongi karo Pendhita Drona gole arep ngrebut Wahyu Cakraningrat sing wis manjing manungal karo Raden Abimanyu.
Niyate Prabu Duryudana gole kepengin ngrebut wahyu kiye, awit kepengin ditrimakaken karo putrane Sang Prabu sing aran Lesmana Mandra Kumara. Awit sapa sing kadunungan wahyu kiye dicritakena bakal bisa nurunaken raja-raja tanah Jawa.
Bareng niyate mau dicritakena karepe karo para sing lagi rembugan neng Pasewakan agung Ngastina, Prabu Baladewa nyarujoni, senajan Angkawijaya kuwe plunane. Sing penting menurut Prabu Baladewa  cilike aja nglarani, gedhene aja nganti gawe pepati. Tapi kocapa, bareng ditawakena karo Adipati Karna, Raja Awangga kiye ora setuju. Malah ngendika angger Pendhita Durna wis minger kiblate.
Kocapa, Bambang Aswatama sing ora trima, nantang Adipati Karna. Dilayani! Tapi para sedulur, tekade Drona gole nyanggupi arep ngrebut wahyu Cakraningrat nyatane kesaguhane di back-up karo  denawa cacah loro sing aran  Dhendha Swala Yaksa lan Dhendha Swala Pati sekang Guwa Maya Siluman. . Dadi, Drona wanine mung angger ana balane.
Adipati Karna tandhing yuda karo Aswatama. Mesthi bae Aswatama kasoran. Senajana sekti kaya ngapa, tapi Adipati Karna nglawan srayane Drona sing wong loro duwe nyawa siji, nyatane Adipati Karna kasoran, malah kebuncang adoh mbuh ngkana tibane.
Prabu Baladewa sing maune serujuk, wusanane mbalik tingal. Raja Mandura nututi kebuncange Adipati Karna arep paring tetulung karo adi ipene..
Neng ngendi tibane Kang? Ora liya anu neng ngarepe Sang Begawan Kalinglingan. Sapa sih ya kang sing jenenge Begawan Kalinglingan? Lah kiye sing dadi role crita. Sekang sektine Begawan Kalinglingan, bisa mengerteni endi sing jeneng Bawor, ambi Gareng, senajana durung tau ketemu.
Agi Begawan Kalinglingan ketemu karo Bawor gole nakoni Bawor kaya kiye, - Sapa jenengmu Bawor ? -  Semana uga lagi nakoni Gareng ya monine takon jeneng nyebutena jenenge Gareng. Jelas bae wong Begawan Kalinglingan kuwe pancen Kanthong. Saking sektine Kanthong alias Petruk, bisa idu geni. Lah kiye, mulane lakone disebut Petruk Idu Geni. Paham nggih sedulur?
Kejaba crita ngarah patine Abimanyu, neng lakon kiye uga ana pemintane Pandhita Drona gole ngarah Jamus Kalimasada. Utusan karo Dhenda Swala Yaksa maring Ngamarta. Senajana babak belur dijotosi karo Wrekudara, tapi wusanane, jamus Kalimasada bisa dicekel, merga olih palilahe Prabu Puntadewa sing wis terkenal anu duwe watak rila dunya trusing patine. Perkara dunya sing wujude Layang Jamus Kalimasada mesti bae dituruti panjaluke Dhendha Swala Yaksa.
Kepriwe para sedulur, cara kepriwe baline Layang Jamus maring asale maning maring Ngamarta? terus sapa sejatine Dhendha Swala Yaksa ambi Dhendha Swala Pati? Anggere ana sedulur pada sing wis tau ngrungokena apamaning angger wis tau duwe kasete, mesthine si ya wis ngerti alur lakone. Tapine angger perkara Dalang Gino angger mbabar lakon, kayane para sedulur pada mesthi kangen karo kepriwe kakine Gino gole nglakokena wayangan Banyumasan klasik kaya sing tau ditindakena jaman gemiyen nalika tahun antarane 80’an. Jan, ngangeni temenan koh!!
Kayane wis ora bakal ana maning pegelaran klasik kaya kiye. Sebab, siki angger ndalang, kakine sing wis sepuh anu wis ditambal ambi limbukan karo dagelan sing mandan suwe. Lha kiye tumrape inyong, kurang sari aya kuwe. Siki kadhang-malah sering, putune sing ngganti kakine, sasat malah kakine gole mayang mung rong jam-telung jam thok
Kiye konvertane tek gawe sekaset selakon. Angger njenengan sreg ambi cara sing kaya kiye, inyong ya manut. Tapi angger njaluk depripil sing cilik-cilik kaya biasane, ya njenegan ngendika bae karo inyong. Mengko tek timbang kurang lewihe. Mangga dienteni link-e.
Previous
Next Post »
0 Komentar