Digitalized by MasPatikrajaDewaku.
Makarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung
Lha
kiye inyong teka maning. Sekiye lakon sing tek unggah lakon ana
gegayutane karo Wisanggeni. Mesthine para rawuh neng “wayangprabu”
mligine wong penginyongan pada ngarep arep sebab angger Dalang Gino
nyuwarakena Wisanggeni jan cocog banget karo selerane wong penginyongan
padha. Sebab kiye mung audio, dadi ya wis klop banget denggo ngayalena
kepriwe sosok Wisanggeni angger dirungu suarane lewat Dhalange sing jan
timbrene serak serak. Angger ana gambare, jane sih tambah seneng maning
angger weruh aglang-eglenge Antasena. Jan klop banget angger Antasena
ketemu karo Wisanggeni. Sayange, tokoh Wisanggeni neng lakon kiye jan
mung kocap thok.
Lah
ngomongena lakon kiye, sing judhule Wisanggeni murca. Murca maring
ngendi ya kang? Terus kepriwe gegeyutane karo Gatutkaca, Dewi Suryawati
lan Dewi Galawati? Tek critani disit sarwa sethithik denggo pengantar
donlot kiye.
Kocapa
neng Neng Negara Petapralaya, ana ratu sing jejuluk Darma Radeya utawa
Darma Dewa. Lah sapa maning kiye. Sing ngadhep neng ngarsane Sang Prabu
sing lagi nganakena pasowanan, ora kejaba putrane sing aran Raden Surya
Kesuma lan Patih Jayasaraba.
Nalika
semana Prabu Darma Radeya lagi sungkawa, awit putrane sing aran Dewi
Suyawati nuju dadi kembang lambe, dilamar dening ratu selawe negara. Ana
maning sing dadi pikirane, senajan bungahe kayangapa, angger para ratu
akeh sing seneng karo putrane, tapi angger jenenge wong wadon, ora nana
jamake ngewayuh kakung. Apa maning angger mikirena pengincim incim
sekang para raja sing angger ora bisa bisa nggayuh Dewi Suryawati, bakal
gawe karangabang ngrusak negara Petaperlaya.
Lewih
sedhih maning rawuhe Pendita Drona, sing nambah “daftar panjang” daftar
penglamar Dewi Suryawati. Mesthine tekane Drona tumrape penonton sih
jan marahena nyengit, tapine gawe ger-geran. Sekang putege Prabu Darma
Radeya, Pendita Drona karo Adipati Karna dikon ketemu dewek karo Dewi
Suryawati, apa gelem diboyong karo Pendita Drona maring Negara Ngastina
dadi sisihane Raden Lesmana Mandrakumara.
Tapi
tankocapa, bareng teka maring keputren, neng kono ana Antareja sing
main tembak langsung alias “shortcut” mlebu maring petamanan njedhul
lewat bumi. Antareja duwe karep sing padha, arep mboyong Suryawati.
Antareja ngajak Dewi Suyawati bali maring Sumurupas, ora usah nganggo
matur maring ramane.
Suryawati
sing ora kepareng melu, mlayu diuber karo Antereja, kepapag karo
Adipati Karna. Sulaya rembug dadi peperangan. Lagi Adipati Karna ngunus
Kunta Druwasa arep merjaya Antareja, Raden Antasena njedhul nyandhak
Antereja mundur.
Apa
maning kiye jajal kang, kenangapa Antareja ketemu karo Antasena neng
petamanan Petaperlaya. Jan jane kiye loro-lorone anak Werkudara, anu
pada diutus karo ramane, kon padha nggoleti ilange Raden Gathutkaca. Koh
jebule pada pating bedhengus neng kene sih ya? Raden Antareja blaka
angger dheweke kepengin nggarwa Dewi Suryawati. Rembuge kepriwe? Mangga
digatekena neng bagiyan 4A.
Senajana
kaya kuwe, Antasena sing ngerti angger patrape Adipati Karna sing
ngumbar senjata Konta kuwe jane nyalahi empan papan. Mulane Antasena
sing temandang ngadhepi kridhane Adipati Kana. Lepase Kunta Druwasa
ditampani karo Antasena, ora papa, malah senjata Kunta dibuang karo
Antasena. Lagi Drona arep maju, dipisah karo Pati Jayasaraba.
Loro-lorone pihak ditimbali karo Prabu Darma radeya. Wose Dewi Suryawati
nyuwun kudangan wujud jago kate mas sing bisa kluruk unine Jagad Dewa ya Bethara. Lha kiye sih! Sing duwe jago kate sing kluruke Jagad Dewa Bethara ora nana liya kejaba Drona dhewek. Jere!
Kepriwe
terusane kang? Kepriwe “hubungane” karo Gathutkaca sing lagi tapa neng
alas Mandhalasraya detunggoni karo kewan sing wujud sardula. Apa ana
“hubungane” Gathutkaca karo sing jeneng Dewi Suyawati lan Dewi Galawati.
Terus apa maning sambung rapete antara jago kate sing kluruke Jagad Dewa ya Bathara karo Wisanggeni?
Angger
wis ana sing ngerti ya sukur. Tapi kayangapa-a angger Kaki Gino gole
mayangena lakon Wisanggeni Murca, kayane njenengan rugi angger ora
migatekena kewasisane. Tela angger crita wayang, kayane ending-e
si akeh sing wis ngerti. Tapi jan-jane wayang kuwe bisa ndadekena
kenikmatan batin angger inyong sampeyan pada migatekena gendhinge, ya
suluke, lekak lekuke suara sindhene lan sepiturute. Malah jere kang Kang
Tohirin, krungru kecreke Dalang Gino be jan rasane anu marem banget.
Mulane
ora aneh angger akeh sedulur kita sing angel degiring sekang bab kecrek
utawa keprak utawa kepyak kebiasaane ngrungokena wayang. Ana sedulur
sing angger ora nganggo kepyak sing suarane thing thing thing . . . . .
. ya trima ora nonton apa ngrungokena wayange. Senajana suara thing
thing decampur karo crek crek senajana mung semendhing bae, anu terus
ana sing ngilari. Jere ora murni maning. Ora karuwan rasane.
Tapi
tumrape inyong sih ya kang, arepa keprak suara thing thing (ora nganggo
Ayu) apa suara crek crek, esih bae dearani wayang. Dadi tetep dadi
kekareman. Paribasane panganan, arepa gudheg, sega liwet, sroto-mendhoan
(matur nuwun mendhoane kang Budi Susilo) malah keredhok ya inyong ora
ngilari. Akeh sing bisa dinikmati, akeh uga aneka rupa asupan gizi
(jiwa) sing mlebu ngawak denggo nguwati jiwa-raga. Nggih napa nggih?
Nggiiiih . . . . . .
Mangga dirahabi wayangan Banyumasan niki. Link-e kang? kiye ora kelalen koh inyong: http://www.mediafire.com/#vs7adscxwksff

0 Komentar