Ki
Timbul Hadiprayitno yang ingkang kula mangertosi, inggih menika
satungaling Dhalang Gagrag Metaraman ingkang kukuh nidakaken ing bab
pedhalangan pakem. Urut urutaning jejeran ngantos tancep kayon, sedaya
dipun tindakaken kanthi patitis ing salebeting garis sastra pedhalangan
ingkang jangkep. Liripun, Ki Timbul disiplin nindakaken kados
pundi ngecakaken ukara sastra utawi basa pocapan lan janturan ingkang
leres, suluk Metaraman ingkang baku, lan sabetan ingkang sae. Dramatisasi
adegan ingkang dipun garap dening Ki Timbul menika salah satunggaling
bab ingkang menjila katandhing kaliyan dalang Metaraman sanesipun.
Setunggaling
conto ingkan kapethik saking jejeran wontening Negari Slagahima nalika
ngrembag ruwet rentenging kawontenan ingkang saweg damel para rawuh ing
pagelaran kados dene mlebet ing swasana lampahan, kados kapetha ing
ngandhap menika. Nalika samanten, Prabu Wiwanadewa ndangu ingkang putra
magepokan kaliyan putri sekar kedhaton. Makaten kirang langkung
pangandikanipun Prabu Wiwanadewa dhumateng ingkang putra, Bimakurdha;
Sambetipun wonten ing mriki

0 Komentar