Prajurit Pancawati salebeting samudra ngadhang raksasa saking Ngalengkadiraja ingkang wola-wali ngrisak bangunaning tambak.
Para
sturesnaning ringgit mesthi sampun mangertosi lampahan Ramayana ingkang
setunggal menika. Sasat saben dhalang sampun nate manggungaken lampahan
Rama Tambak ingkang yektos dados satunggaling lampahan ingkang
anggadhahi panggenan ingkang mirungan wontening salebeting sanubari.
Kadhang, lampahan menika kapanggungaken mligi kagem mengeti utawi
kagungan makdsud kangge upacara ingkang tumuju dhumaten keslametan.
Ing
mriki Ki Sugino nggelar lampahan Rama Tambak ingkang kagelar wujud
serial ingkang kawiwitan saking lampahan Anoman Dhuta lan dipun pungkasi
lampahan Rama Nitis.
Ingkang kepareng mundhut audionipun kula aturi klik ing MRIKI
-------------------------------------------------------------------------------------------
Innalillahi wa Inna Illaihi Roji’un. Ndherek ngaturaken bela sungkawa. Sampun kapundhut ing ngarsanipun Gusti Allah, Ibu Roni Subari, Garwanipun Babak Roni Subari, Sekretaris Paguyuban Pecinta Wayang (PPW) Mugi ingapuran sedaya dosa kalepatan lan katampi ing ngarsanipu Gusti Allah sedaya amal ibadahipun. Dene ingkang tinilar, sageda kiyat imanipun lan tabah nampi pacoban punika. Amin. Saking Admin lan sagunging para rawuh ing “wayangprabu.com”

0 Komentar